Sengkalan
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Candrasangkala (aksara Jawa: ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦱꦁꦏꦭ) utawa
Sengkalan'
(aksara Jawa: ꦱꦼꦁꦏꦭꦤ꧀) iku cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara.
Sengkalan punika kadadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel
sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan.
[1] Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing
Sastra Jawa Kuna lan
Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha:
Sirna ilang krětaning bumi, yèn diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi
1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges
wektu. Sakakala ya iku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih
kidul, lan wektu iku wiwitané
taun saka,
ya iku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké
“sengkalan”, ya iku unèn-unèn sing duwé teges angkaning taun. Ing jaman
biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki
ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, ya iku pétungan
sing sasiné manut lakuning
rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun
srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”
Werna-warna sengkalan
Miturut wujudé
Miturut wujudé, sengkalan iku ana rong warna ya iku:
Miturut jinisé
Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, ya iku:
- Sengkalan lamba, ya iku sengkalan sing migunakaké tembung-tembung
sing prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané
5581 lan tegesé taun 1855.
- Sengkalan miring, ya iku sengkalan sing migunakaké tembung-tembung
miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
- Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5.
- Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7.
- Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9.
- Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
- Sengkalan memet, ya iku sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi,
gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan
jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).
Tembung lan watek wantuné
1. Tembung sing duwé watek 1 ya iku:
| Tunggal |
Siji |
Nyawiji |
Gusti |
Sujanma |
| Jalma |
Wong |
Semèdi |
Nabi |
Rupa |
| Maha |
Iku (tegese: buntut) |
Rat |
Jagad |
Bumi |
| Bawana |
Surya |
Candra |
Kartika |
Urip |
Wani |
Putra |
Tyas |
Kalbu |
Wardaya |
Raja |
Ratu |
Narpa |
darani |
jana |
| janma |
2. Tembung sing duwé watek 2 ya iku:
| Kalih |
Dwi |
Asta |
Nembah |
Nyembah |
| Nétra |
Caksu |
Soca |
Pandulu |
Tingal |
Paningal |
Kembar |
Myat |
Swiwi |
Peksi |
| Paksi |
paksa (tegese: swiwi) |
Sikara |
Dresthi |
Kanthi |
| Apasang |
Sungu |
Talingan |
|
| Karna |
karni |
kuping |
|
| drasthi |
drêsthi |
drêstha |
mata |
locana |
| danta |
untu |
gadhing |
|
| buja |
lêngên |
tangan |
|
| carana |
sikil |
yama |
paro |
kêmbar |
3. Tembung sing duwé watek 3 ya iku;
| Tiga |
Tri |
Bahni |
Geni |
Agni |
| Ujwala |
Murub |
Urub |
Dahana |
Payudhan |
| Yudha |
Perang |
Kaya (tegese: awak) |
Kadya |
Kadi |
| Bentèr |
Kawruh |
Guna |
Wédha |
Naut |
| Teken |
Pawaka |
Rananggana |
Brama |
| huti |
kurban |
sajèn |
jata |
jwalana |
4. Tembung sing duwé watek 4 ya iku:
| Papat |
Pat |
Catur |
Wahana |
Warih |
| Dadya |
Kéblat |
Suci |
Wening |
Nadi |
| Toya |
Jaladri |
Samodra |
Tasik |
Sindu |
| Marta |
Karta |
Masuh |
Segara |
Gambiralaya |
5. Tembung sing duwé watek 5 ya iku;
| Lima |
Gangsal |
Panca |
Pandawa |
Wisik |
| Gati |
Indriya |
Parastra |
Gaman |
Panah |
| Pusaka |
Lungid |
Landhep |
Guling |
Diyu |
| Dik |
Buta |
Yaksa |
Raseksa |
Raseksi |
| Wil |
Galak |
Tata |
Maruta |
Bayu |
| Samirana |
Angin |
Marga |
pawana |
danawa |
| gata |
gati |
harsaya |
bungah |
sênêng |
| hru |
panah |
indriya |
ati |
karêp |
| tata (tatagata) |
6. Tembung sing duwé watek 6 ya iku:
| Nem |
Sad |
Rasa |
Hartati |
Sarkara |
| Tikta |
Obah |
Oyag |
Kayu |
Wreksa |
| Prabatang |
Lindhu |
Mangsa |
Naya |
Wayang |
| Ilat |
rêtu |
tikta |
pêru |
|
| kasaya |
gurih |
lawana |
uyah |
asin |
| lêgi |
lêngka |
pait |
masa |
sasi |
7. Tembung sing duwé watek 7 ya iku:
| Pitu |
Sapta |
Prawata |
Giri |
Arga |
| Gunung |
Acala |
Pandhita |
Resi |
Wiku |
| Sogata |
Swara |
Dwija |
Wulang |
Mulang |
| Weling |
Wasita |
Tunggang |
Titihan |
Titih |
| Turangga |
Aswa |
Kuda |
Jaran |
Sabda |
arditi |
| biksu |
biksuka |
hangsa |
| yati |
| Muni |
8. Tembung sing duwé watek 8 ya iku:
| Wolu |
Astha |
Basu |
Basuki |
Slira |
| Murti |
Bujangga |
Pujangga |
Manggala |
Taksaka |
| Ula |
Naga |
Sarpa |
Sawer |
Dwipa |
| Bajul |
Liman |
Dwipangga |
Èsthi |
Gajah |
| Dirada |
Kunjara |
Tanu |
Madya |
| hasti |
gaja |
jihmaga |
bujaga |
|
| murti |
sarira |
awak |
bujaga |
|
9. Tembung sing duwé watek 9 ya iku:
| Sanga |
Sang |
Nawa |
Déwa |
Dwara |
| Lawang |
Kori |
Gapura |
Lawang |
Wiwara |
| Ambuka |
Gandha |
Puspa |
Kembang |
Kusuma |
| Bedhah |
Muka |
Rudra |
Gatra |
Menga |
| wila |
guha |
guwa |
bolongan |
lawang |
| Mancep |
goh |
sapi |
go |
0. Tembung sing duwé watek 0 ya iku:
| Ilang |
Musna |
Sirna |
Nir |
Murca |
| Mlethik |
Langit |
Akasa |
Wyat |
Tawang |
| Kombul |
Muluk |
Nenga |
Luhur |
Duwur |
| Adoh |
Swarga |
Tanpa |
Tan |
Swuh |
| Suda |
Windu |
windu |
titik |
cêcêk |
| rusak |
dwasta |
lêbur |
brastha |
| awang-awang |
jumantara |
widik (widik-widik) |
Carané Gawe Sengkalan
Yèn arep gawé ukara sengkalan:
- Sepisanan kudu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama
(persamaan arti tembung), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwé
watak wilangan sing padha. Umpamane: gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
- Kaping loro, guru sastra (persamaan tembung), tetembungan sing duwé
wujud tukisan sing padha, dianggep duwé wilangan sing padha. Thuladhane:
esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges
kekareban kang duwé watak wolu (8).
- Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan
sing duwé golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha,
contoné: rembulan, srengéngé, bumi, iku duwé watak wilanagan siji (1).
- Sing Kaping papat, guru
wanda (persamaan suku tembung), ya iku tetembungan sing duwé suku
tembung utawa unine padha dianggep duwé watak wilangan sing padha ya iku
papat (4)
- Kaping lima, ya iku migatekake anané guru sarana (persamaan fungsi),
ya iku sarana utawa piranti.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine
(pigunane). Tuladha: lidah (ilat).Sing nggunakaké rasa dianggep duwé watak wilangan padha ya iku enem.
- Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sipat kerja) ya iku
barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, upama mata lan
madeng, dianggep darbe watak wilangan padha ya iku loro (2)
- Kaping pitu, guru darwa (persamaan sipat), ya iku sipat salah
sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha
karo panas, dianggep duwé watak wilangan sing padha ya iku telu (3)
- Kaping wolu, ya iku nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa
sinonim). Tetembungan sing duwé teges makna (arti) sing padha. Contoné,
retu,obah lan horeg, dianggep duwé watak wilangan sing padha ya iku enem
(6)
Komentar
Posting Komentar